Hipnotis Gentayangan Ing Karang Padesan

Malah ora tanggung-tanggung oknum hipnotis mau wani nekani korbane terang-terangan ing tengah sawah, sing racake korban mau para sedulur tani kang cubluk babagan ilmu pengetahuan dadi kanthi gampang diapusi. Modus operasine yoiku oknum mau wis mangerteni swasona lingkungan sakupenge, banjur nyoba ngetrapke bujuk rayu marang korban kanti basa kang alus, kanthi nylimurke kabeh perhatian korban banjur digeplek badane korban, saknaliko koyo dene ora sadar kabeh omongane oknum bisa dituruti korban, banjur aksi “perampokan halus” dilancarke dening oknum kasebut. Lumrahe sing diarah para ibu/simbok-simbok kang duwe mas-masan.

Kaya kang kedadeyan ing sacedake desa wewengkon kelurahan Mojopuro, ono sakwijine sedulur tani kang lagi duduh (matun) ing alase dhewekan (ijen) ditekani wong kang nyolowadi, wong mau nakokake kok mung ijen opo ora wedi. Terus ngobrol ngalor ngidul wekasane takon opo duwe kuningan (mas-masan). Diwangsuli ora duwe (tapi sedulur tani mau wis terpengaruh hipnotis kanti bujuk rayu) tapi wong mau ngerti yen duwe ali-ali. Diwangsuli maneh ora iso dicopot, wong ponakane wae nyopot ora iso saking sesak, mekso wong mau arep nyoba nulungi nyopot. Akhire iso dicopot terus diomongi ali-ali mau bisa kanggo sarat nyuburke tandurane, banjur di ubengke pojok-pojok galengan akhire dibungkus godhong jati. Bungkusan mau diwenehke mbok sedulur tani mau kapurih nyimpen sauntoro dina supoyo ojo dibukak dhisik, lan wong mau banjur nggeblas lungo. Bareng tekan ngomah mbok mau sadar yen diblituk wong, ali-aline ilang digondhol wong sing bubar nemoni ono sawah mau.

Seje maneh ing Ngh, Eromoko iki oknume wis wani mlebu ngomah lan hipnotis sing duwe omah. Critane mangkene, omahe lik S sing bebakulan bumbon lan marung ing desa mau wengine lungo arisan. Lha sing tunggu omah sisihane yo iku lik K kang nembe nandang gerah, diweling karo lik S: “yen mengko ono wong dodog-dodog lawang yen dudu aku ojo mbok bukake”. E... ora let suwe ono wong dodog lawang kanthi suworo banter : “tumbas lek!!”. Lha lik K mau rumongso ono sing arep tuku yo mekso mbukak lawang, bareng karo dicakne hipnotis mau lik K ngongak menjobo lha kok ora ono uwong (rumangsane lik K mau) banjur ditunggu wae karo lik K lungguh ono kursi cedak lawang mlebu nganti bojone teko. Bareng teko, takon opo ono wong moro? Dijawab jare ono wong arep tuku bajur ditoni kok ora ono terus ditunggu ono ngarep lawang. Lik S mau banjur niliki barang-barange, dhuwit oleh bebakulan sedino banjur ditiliki, amarga mau isih disimpen ono laci. Lha kaget ditiliki dhuwit Rp. 300.000,- sing sakgepok kok ora ono, lik S tambah deg-degan banjur niliki liyane. Ojo-ojo barang liyane katut ilang, TV, lan barang aji liyane ditiliki mboko siji, jebul isih utuh, dadi mung njupuk dhuwit telungngatus ewu mau thok.

Iki Crito kanggo para warga kang durung menangi kedadeyan iki supaya luwih setiti ngati-ati lan waspodo, supaya ora ono kedadeyan aksi hipnotis marang warga masyarakat sakupenge kita. Mula ayo ditingkatke kesadaran awake dhewe kanthi njogo ketentraman lan keamanan masyarakat. Ojo gampang kapilut dening wong kang durung dikenal, lan tetep ningkatake iman lan takwa marang Gusti ingkang akarya jagad, supaya tinebihna memala lan bebaya kang bakal teka.

Mekaten, Matur Nuwun.