Menawa arep nelusuri asal usule bangsa sapi sing saiki kasebar ing sak indenging bawono, kabeh mau asal usule soko sapi jenis primitif kang wis ngalami domestikasi utawa penjinakan, sapi-sapi kuwi mau iso di pilah-pilah dadi telung kelompok :
Bos Indicus (Zebu : Sapi sing ono punuke)
Sapi jenis iki sing akeh kasebar ing India lan akhire ugo ngrambah nang daerah2 liyane, Afrika, Amerika,Australia, Asia tenggara kalebu ing Indonesia. Ing Indonesia sapi seko keturunan Zebu iso di ngerteni ing antarane : Sapi Ongole lan peranakane, ugo sapi brahman.
Bos Taurus
Bos Taurus yaiku bangsa sapi kang nurunake bangsa-bangsa sapi potong lan sapi perah ing kawasan Eropa. Golongan sapi iki ugo akhire nyebar nang daerah liyo-liyane sing paling akeh ing Amerika, Australia, lan Selandia Baru. Keturunan bos taurus iki ugo wis akeh dikembangake para peternak ing Indonesia, kayatha : aberdeen angus, hereford, shorthorn, charolais, simmental, limousin.
Bos Sondaicus (Bos bibos)
Golongan sapi iki dadi nenek moyange sapi asli bangsa-bangsa sapi ing Indonesia. Jenis Sapi iki termasuk keturunan banteng (bos bibos), keturunan sapi bos bibos iso dikenali kanthi akeh sing diternak turun temurun lan diperkirakake para ahli ono persilangan karo jenis bos indicus sing ndadeake jenis-jenis sapi kang saiki kasebar ing Nuswantoro, ono : sapi bali , sapi madura , sapi jawa, sapi sumatera lan sapi lokal liyane.
Dadi sapine mbah Merto, sapine mbah Mangun lan sapine lik Paino kae isih keturunan soko banteng.
Salam Tani Maju